CONTOH SESORAH/PIDATO BAHASA JAWA [ACARA KEMERDEKAAN]

Assalamualaikum wr. wb.
Bapak Kepala Dhukuh ingkang tuhu kinurmatan.
Bapak Ketua RW ingkang kinurmatan
Bapak Ketua RT ingkang kinurmatan
     Para Rawuh ingkang minulya.
     Puja puji pangalembana syukur kunjuk dumateng Allah SWT. ingkang tansah maringaken rokhmat lan hidayahipun, Satemah kula lan panjenengan saget kempal manunggal wonten ing adicara HUT RI Inkang kaping 69 kanthi kawilujengan lan kabagas warasan.
     Para Rawuh ingkang minulya,
     Menawi kita emut dhateng perjuangan para pahlawan tahun 1945, bilih semangat pertempuran kados geni ingkang makantar-kantar, kados nyawiji dhateng jiwa para pahlawan, ingkang sampun berjuang mbebasaken Indonesia saking Para Penjajah.
     Sumangga kita gesangaken jiwa lan semangat perjuangan, kanthi mujudaken jiwa pembangunan ingkang tangguh.
     Kemakmuran adedasar keadilan lan ketuhanan ingkang maha tunggal, dereng kasembadan. Kanthi menika tasih kathah ingkang kedah kita perjuangaken. Kamardikan minangka warisan para pahlawan kita menika, kedahipun kita isi kanthi jiwa pembangunan tanpa mentingaken kepentingan pribadi.
     Jiwa lan semangat 45, inggih menika, jiwa lan semangat kebersamaan. Jiwa ingkang langkung nengenaken kepentingan sesarengan, tinimbang kepentingan pribadi. Kanthi menika, kita kedah ningkataken raos solidaritas berbangsa lan bernegara. Tumbuhkan terus semangat kebersamaan nalika mujudaken cita-cita kamardikan.
     Insyaallah gegayuhan bangsa Indonesia mujudaken kawontenan masyarakat ingkang adil lan makmur, adidasar pancasila lan UUD 45 saget kasembadan kanthi nuwuhaken semangat persatuan lan kesatuan Indonesia. Amin, amin, yaa robbal ‘alamin
     Para Rawuh ingkang minulya,
Mekaten atur kula, minangka Ketua Panitia. Menawi kathah kalepatan ing basa lan subasita, kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun
Wassalamualaikum wr. wb. 

Share 'CONTOH SESORAH/PIDATO BAHASA JAWA [ACARA KEMERDEKAAN]' On ...

3 komentar untuk "CONTOH SESORAH/PIDATO BAHASA JAWA [ACARA KEMERDEKAAN]"